Aku ngalamun....., bungah lan melas atiku marang budayane dewe sakwise mbukak blog iki http://www.nagamas.co.uk. gedene roso bungahku yo mung sak gedene isi sawo..
bungah.......,amarga ono bongso liyo kang kenal marang budaya kito, sak atase wong liyo (bongso liyo) kok yo gelem nyinau bab budaya jowo??
melas....., amarga ngelingi generasi saiki sing podo akeh sing ora gelem nyinau lan gengsi marang budayane dewe..
nonton poro Niyogo podo nabuh gamelan nang blog iku mau ngelingake aku dek jamane aku isih cilik. wektu iku kiro2 umurku isih 9 tahunan, saben bubar magribh aku, masku lan kanca2ku kerep sinau kawarawitan ono ngomahe mbah Darmo (tanggaku). seneng banget rasane atiku wektu iku, nanging ora suwe anggonku sinau sebab gamelane di lego (didol) selang 6 wulan.
banjur ono ing smp aku lagi isoh sinau karawitan maneh, kuwi wae yo ora suwe. amarga gamelan sing dienggo wis rusak. Mulane nganti saiki aku jan awam tenan bab karawitan..
mbuh kapan wektune aku isih pengen sinau/ajar karawitan...
Penyuwunku Marang Gusti... muga2 budaya jowo biso tetep lestari amarga budaya jawa kuwi nduweni nilai2 (filsafat) sing luhur..


0 comments:
Post a Comment