twitter
    Find out what I'm doing, Follow Me :)

pengen ajar karawitan

Aku ngalamun....., bungah lan melas atiku marang budayane dewe sakwise mbukak blog iki http://www.nagamas.co.uk.
gedene roso bungahku yo mung sak gedene isi sawo..
bungah.......,amarga ono bongso liyo kang kenal marang budaya kito, sak atase wong liyo (bongso liyo) kok yo gelem nyinau bab budaya jowo??
melas....., amarga ngelingi generasi saiki sing podo akeh sing ora gelem nyinau lan gengsi marang budayane dewe..
nonton poro Niyogo podo nabuh gamelan nang blog iku mau ngelingake aku dek jamane aku isih cilik. wektu iku kiro2 umurku isih 9 tahunan, saben bubar magribh aku, masku lan kanca2ku kerep sinau kawarawitan ono ngomahe mbah Darmo (tanggaku). seneng banget rasane atiku wektu iku, nanging ora suwe anggonku sinau sebab gamelane di lego (didol) selang 6 wulan.
banjur ono ing smp aku lagi isoh sinau karawitan maneh, kuwi wae yo ora suwe. amarga gamelan sing dienggo wis rusak. Mulane nganti saiki aku jan awam tenan bab karawitan..
mbuh kapan wektune aku isih pengen sinau/ajar karawitan...
Penyuwunku Marang Gusti... muga2 budaya jowo biso tetep lestari amarga budaya jawa kuwi nduweni nilai2 (filsafat) sing luhur..

Pare Van Java

Wis ono kurang luwih 2 wulan anggonku ngangsu kawruh ono ing Pare, Kediri kene. Belajar bahasa londo (inggris) sing kaperlu kanggo syarat anggonku nyambut gawe mbesuk. Desa tulungrejo, pare, Kediri kene pancen terkenal diarani kampung bahasa, diarani kampung bahasa sebab ono ing Desa kene akeh kursusan/sekolah bahasa.
Akeh para muda kang sinau bahasa londo ono ing desa iki, akeh sing teko soko laladan ngendi wae. mulai soko sumatra nganti NTB, malah aku wingi ketemu karo rombongan pemuda sing asale soko Thailand.
sakjane aku isin sinau bahasa londo (inggris) , iyo isin banget malahh...
lhakok isin iku kepriye?
aku isin amarga aku ora pinter marang bahasane dewe, aku iki wong jowo sing kepincut marang budaya liyan nganti budaya lan bahasane dewe wae nganti kelalen. aku isin amarga ora isoh nggunakake bahasa jowo kanthi runtut tur pener.
lha wong aksara jawa wae wis rodo lali je.. opora parah kuwi??

Entit - Waldjinah

ono sak abrek kaset sing bakalan dak convert nang mp3, iki goro- gorone panjaluk'e kakangku sing lagi ono negoro melankoli (amrik). dewek'e kepengen dikirimi tembang2 jowo sing klasik (klenengan) utawa keroncong. ndelalah kok koleksi kaset yo isih akeh. nek tak kirim wujud kaset mengko mbayare larang, makane trus tak convert ae, yo sanadyan hasile isih kurang memuaskan nanging lumayan kenek kanggo rengeng2 sinambi ngopi trus disumeti rokok jisamsu. Jan... ndoya kok rasane ademm..

dadi kelingan jamane bopo karo biyung isih sugeng, saben bengi nyetel wayang sing disiarake radio frekuensi AM.

kanggo poro kanca lan sedulur sing pengen ngunduh monggo kulo aturi ngeklik wonten daftat ing ngandap puniko. mugi2 saget kangge jampi sayah


ENTIT - WALDJINAH

1. Entit.mp3
2. Ora Kanjana.mp3
3. Lela- Ledung.mp3
4. Pilih Tanding.mp3
5. E, Jamu.mp3
5. Dongeng Brambang Bawang.mp3
6. Gethuk Goreng.mp3
7. Nyamleng.mp3
8. Ayo Ngguyu.mp3

Reog Dalanan

kiro- kiro seminggu kepungkur aku lugo menyang solo. pas aku numpak bis soko Janti Jogja aku munggah bareng karo pengamen sing dandan koyo warok- warok nggon reog kae.
Dandanan raine (make up) nambahi gagah tur katon serem. Banjur aku njaluk photo marang poro seniman dalanan kuwi mau. ono sing pringas- pringis, ono sing nggaya, ono sing isin- isin, tapi sing jelas aku salut banget karo poro seniman jalanan iki.
Duwit satus, rongatus, nganti sak umbyuk di telateni sakrombongan. Penggayuhane ora muluk-muluk, sing penting biso mangan lan nyisihne penghasilane ora ketang sithik- sithik. pancen saiki jamanne uwis edan, roso pekewuh, isin lan roso gengsi ora kanggo, gelem ora gelem awak'e dewe ki kudu melu arus. Nanging kudu tetep eling lan waspada, njogo iman lan taqwa (Halah lakok koyo Ustad wae.. hehehe...).
Nonton pengamen kuwi mau banjur aku kelingan karo kanca- kancaku sing isih podo nang ndeso, aku prihatin nyawang kanca sing isih duwe roso gengsi lan kemaki. Nek ora oleh panggawean becik utawa kepenak milih nganggur ngandalne duwit wong tuwane. Ora kok tegese aku iki iri marang dewek'e, nanging pancen bener nek sing jenenge gengsi kuwi bakale ngrugekake awak'e dewe.
Bedo karo aku iki, kanggoku sing jenenge makaryo kuwi opo wae ora masalah sing penting Halal. ( ... ora curhat lho iki)