twitter
    Find out what I'm doing, Follow Me :)

Pare Van Java

Wis ono kurang luwih 2 wulan anggonku ngangsu kawruh ono ing Pare, Kediri kene. Belajar bahasa londo (inggris) sing kaperlu kanggo syarat anggonku nyambut gawe mbesuk. Desa tulungrejo, pare, Kediri kene pancen terkenal diarani kampung bahasa, diarani kampung bahasa sebab ono ing Desa kene akeh kursusan/sekolah bahasa.
Akeh para muda kang sinau bahasa londo ono ing desa iki, akeh sing teko soko laladan ngendi wae. mulai soko sumatra nganti NTB, malah aku wingi ketemu karo rombongan pemuda sing asale soko Thailand.
sakjane aku isin sinau bahasa londo (inggris) , iyo isin banget malahh...
lhakok isin iku kepriye?
aku isin amarga aku ora pinter marang bahasane dewe, aku iki wong jowo sing kepincut marang budaya liyan nganti budaya lan bahasane dewe wae nganti kelalen. aku isin amarga ora isoh nggunakake bahasa jowo kanthi runtut tur pener.
lha wong aksara jawa wae wis rodo lali je.. opora parah kuwi??

0 comments:

Post a Comment