twitter
    Find out what I'm doing, Follow Me :)

Reog Dalanan

kiro- kiro seminggu kepungkur aku lugo menyang solo. pas aku numpak bis soko Janti Jogja aku munggah bareng karo pengamen sing dandan koyo warok- warok nggon reog kae.
Dandanan raine (make up) nambahi gagah tur katon serem. Banjur aku njaluk photo marang poro seniman dalanan kuwi mau. ono sing pringas- pringis, ono sing nggaya, ono sing isin- isin, tapi sing jelas aku salut banget karo poro seniman jalanan iki.
Duwit satus, rongatus, nganti sak umbyuk di telateni sakrombongan. Penggayuhane ora muluk-muluk, sing penting biso mangan lan nyisihne penghasilane ora ketang sithik- sithik. pancen saiki jamanne uwis edan, roso pekewuh, isin lan roso gengsi ora kanggo, gelem ora gelem awak'e dewe ki kudu melu arus. Nanging kudu tetep eling lan waspada, njogo iman lan taqwa (Halah lakok koyo Ustad wae.. hehehe...).
Nonton pengamen kuwi mau banjur aku kelingan karo kanca- kancaku sing isih podo nang ndeso, aku prihatin nyawang kanca sing isih duwe roso gengsi lan kemaki. Nek ora oleh panggawean becik utawa kepenak milih nganggur ngandalne duwit wong tuwane. Ora kok tegese aku iki iri marang dewek'e, nanging pancen bener nek sing jenenge gengsi kuwi bakale ngrugekake awak'e dewe.
Bedo karo aku iki, kanggoku sing jenenge makaryo kuwi opo wae ora masalah sing penting Halal. ( ... ora curhat lho iki)

1 comments:

Kere Palur - Tepi Bengawan Solo said...

Salam Lik.
Aku seneng critane sampeyan.

salam
yayon-kerepalur

Post a Comment