twitter
    Find out what I'm doing, Follow Me :)

Nonton Fast & Furious

Minggu wingi aku lan konco- koncoku refreshing nonton film nang bioskop XXI jogja . sakjane aku pengen banget nonton Fast & Furious, nanging gandeng aku mung dibayari (unthul bawang) dadine aku manut wae karo koncoku sing mbayari. Sidone podo nonton film sing judule burn after reading. Tapi aku ora pati gelo, soale filme yo ora pati elek banget ceritane. Gandeng isih penasaran karo film Fast & Furious , isuk mau aku dlusap - dlusup nang ngomahe google nggolek'i film kuwi mau. Wah.. lha kokTumbu oleh tutup..., selang 5 menit aku nemu web sing isine video streamingan. Kabeh video utawa film- film bioskop luar ono kabeh nang kono, mulai soko film bioskop tahun 2005 nganti film bioskop sing paling anyar. nanging kualitas gambar karo suarane krang apik, amarga video kuwi mau sebagian ono sing hasil jupuk'an soko gedung bioskop langsung. mbok menawa para kanca ono sing pengen nonton biso ngeklik nang alamat iki http://moviefather.com

0 comments:

Post a Comment